Pages

Kamis, 15 Maret 2012

Contoh Teks Pranata Cara Peringatan HUT RI


Buat temen temen yang lagi kebingungan ngerjain tugas bahasa jawa,, membuat teks pranata cara,, saya punya contohnya .. please chek it out,, and hope useful for you !! :D


 Assalamualaikum Wr. Wb.

Kawula nuwun, ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah, saha para guru ingkang kula hormati, ugi dumatheng para siswa, mudha-mudhi ingkang kula tresnani. Keparengan ing mriki kula badhe matur wontwn ngarsa panjenengan sami, minanagka ketua panitya pengetan tanggap warsa Kamardikan RI, ingkang kaping 66 surya kaping 17 Agustus 2011.

Ingkang sepisan, kula mocapaken puji syukur wonten ing ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Murbeng Agesang, dene panjenenganipun sampun kersa paring kanugrahan dumatheng kita sadaya Bangsa Indonesia, kathanda ing dalu punika, kita sampun dipun keparengaken makempal kanthi wilujeng ing papan punika, saperlu sami lenggah tirakatan ing malem 17 Agustus punika.

Kaping kalihipun, kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sadaya warga SMK N 3 Jepara sampun sami kepareng paring pambyantu punapa kemawon datheng panitya, murih saged ipun kaleksanaan mahargya pengetan dinten Kamardikan RI ingkang kaping 66 surya kaping 17 Agustus 2011.

Susunan Acaranipun inggih punika :
1.       Pambuka
2.       Nembang Sesarengan tembang “Hari Merdeka”
3.       Sambutan Kepala Sekolah
4.       Sambutan Ketua Panitya
5.       Nembang Sesarengan tembang “Bendera Kita”
6.       Piwaosan Puisi
7.       Piwaosan Donga
8.       Penutup

Kados sampun kawuningan dening para arwuh sadaya, bilih rikala tanggal 17 Agustus 1945, kita bangsa Indonesia sampun kasil uwal saking blengguning penjajah, sarta kanthi pangurbanan rah lan waspo ingkang boten sakedhik, para pemimpin kita sampun kasil maosan Teks Proklamasi Kamardikan RI dhateng Saindenging Bawana, saengga sadaya Bangsa in manca Nagari sami mengertosi, bilih sampun lahir satunggalih Negeri enggal ingkang name Indonesia. Ing dinten benjang enjang tanggal 17 Agustus 2011 Nagari kita Republik Indonesia jangkep yuswa 66 tahun. Awit saking punika ing tirakatan dalu punika, kita sadaya badhe sesarengan lelenggahan seperlu mengeti dinten Kamardikan kita, saha sesarengan nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Akarya Jagad, mugi-mugi, pengeten tanggap warsa ingkang kaping 66 punika mangke saged kaleksanaan kanthi wilujeng, saha sapanginggilipun, Nagari kita Republik Indonesia, pinaringan rahayu widada, nir baya, nir ing sambekala, tebih sangking parang muka, pinaringan tata tentrem kerta raharja, saha nayaka pangembate praja, pingga saged manuntun Bangsa kita dumatheng ancasing Revolusi, inggih punika wujuding bebrayan ageng adhil lan makmur sadaya bangsa Indonesia.

Awit titi laksana sampun ndungkap ing kalamangsa ingkang katemtokaken, pramila kanti mocap Bismillahirrahmaanirrahiim, tirakatan dalu punika kawiwitan.

Salajengipun mbok bilih wonten sawetawis kekirangan ingkang saged ndadosaken kirang renaming penggalih mugi kersa paring kathah kiranging atur, kula naming saged nyuwun agunging pangaksami. Ing wasana mugi keparengan handumugekaken lelenggahan kanthi mardikaning penggalih, sarta panutuping atur,

Wassalamualaikum Wr. Wb.



 LESTARIKAN BAHASA JAWA !! :D



8 komentar: